WERNA WERNANING WAYANG

 

WERNA WERNANING WAYANG  


Wayang miturut isi critane diperang dadi sewelas.

1.      Wayang purwa : Nyritakake wayang kadhewatan nganti tekan Prabu Parikesit.

Wayang purwa kaperang dadi papat, yaiku :

a.    Kadhewatan : nyritakake para dewa, wiwit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Tejamaya, lan kabej dewa lan dewi.

b.    Arjuna Sasra : nyritakake perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana

c.     Ramayana : nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Shinta.

d.    Mahabharata : nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang Bharatayuda Jayabinangun

2.      Wayang madya : nyritakake Prabu Yudhayana tekan Pabu jaya Lengkara, carita iki kanggo ing kraton.

3.      Wayang antara : nyritakake Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.

4.      Wayang Wasana : nyritakake lakon Damarwulan karo Minakjinggo.

5.      Wayang Dupara : nyritakake lakon babad tanah Jawa.

6.      Wayang golek : nyritakake lakon Amir ambyah lan Umarmaya, crita babone saka (Babad Menak) lan layang Menak (Timur Tengah)

7.      Wayang gedhog : nyritakake lakon Panji (wayang kagawe saka kayu)

8.      Wayang beber : wayang kang digambar ana ing geber (layar) kang bisa digulung, caritane bisa werna-werna.

9.      Wayang kidang kencana : nyritakake bangsane kewan.

10.   Wayang Wahyu : nyritakake lakon kang ana sambung rapete karo agama Kristiani.

11.   Wayang Suluh : nyritakake kahanan negara saiki, kanggo penerangan program-program pemerintah.

 

Paraga sing nyengkuyung Pagelaran Wayang:

·         Dhalang yaiku sing nglakokake lakuniing pagelaran

·         Pesindhen / waranggana yaiku paraga sing ngrengga iramaning gamelan.

·         Niyaga / Pangrawit yaiku sing nabuh gamelan anut larasing gendhing.

 

Piranti Pagelaran Wayang:

·         Kelir, nggambarake langit utawa akasa.

·         Blencong, nggambarake srengenge, rembukan lan lintang.\

·         Debog, nggambarake bumi.

·         Kothak, nggambarake sasmitaning urip.

·         Keprak, nggambarake ilining banyu utawa getih.

·         Gamelan, nggambarake mobah mosiking kahanan jagad saisine.

·         Kayon, nggambarake gunung, alas, geni, segara, prahara, angin, lan sapanunggalane.

Komentar