Postingan

WERNA WERNANING WAYANG

  WERNA WERNANING WAYANG    Wayang miturut isi critane diperang dadi sewelas. 1.       Wayang purwa : Nyritakake wayang kadhewatan nganti tekan Prabu Parikesit. Wayang purwa kaperang dadi papat, yaiku : a.     Kadhewatan : nyritakake para dewa, wiwit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Tejamaya, lan kabej dewa lan dewi. b.     Arjuna Sasra : nyritakake perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana c.      Ramayana : nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Shinta. d.     Mahabharata : nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang Bharatayuda Jayabinangun 2.       Wayang madya : nyritakake Prabu Yudhayana tekan Pabu jaya Lengkara, carita iki kanggo ing kraton. 3.       Wayang antara : nyritakake Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan. 4.       Wayang Wasana : nyritakake lakon Damarwulan karo Minakjinggo. 5.       Wayang Dupara : nyritakake lakon babad tanah Jawa.